Kamis, Juli 09, 2009

cirine wong mediun












Cirine Wong Mediun

Berikut ini daftar kriteria orang mediun dalam versi jowo :

* Esuk sarapan sego pecel ngombe wedang kopi, awan mangan sego pecel ngombe es cendol, bengi mangan pecel ngombe teh manis.
* Sing perantauan, nek mudik sing digoleki sego pecel, angger balik nyang rantau sangune lempeng entah ambek sambel pecel.
* Nek bengi senengane ngopi nyang ngarep stasiun (warunge ujang).


* Plesirane nang nDungus, Sarangan utawa Ngebel, adoh-adohe nang Popoh.
* Nesu nek diarani turunan PKI.
* Pelawak favorite Kirun.
* Nek tanggal enom blanja utawa cuci mata nyang Sri Ratu / Matahari / President Plaza.
* Numpak angkutan umum jarene nunggang Colt, padahal gaweyan Toyota, Daihatsu utawa Suzuki.
* Nek kaget, aloke " Biyuh, biyuh...jegeg men ! "
* Ngarani bakwan jare " heci ", nyebut toge jare " gantheng "
* Ketemu nyamuk gede-gede alok " jingklonge saemblag-emblag "
* Cilikane seneng nyolong tebu pabrik, nganti ketangkep mandor.
* Angger numpak sepeda montor mesti Honda, contone Honda Yamaha, Honda Suzuki, Honda Kymco
* Gendheng utowo tembok omahe dilabur putih-biru ono tulisan "AAPIK" yen ora "Madiun Bangkit"
(sumber: madiun.info)
di-upload gas cirebon

Tidak ada komentar: