Kamis, September 04, 2008

Nuwun poro sederek sedoyo, kawulo bade matur bilih poro konco alumni GAS92 bade ngawontenaken acoro REUNI,
mbok bilih wonten legone manah soho longgaripun wekdal, poro sederek kawulo aturi rawuh mbenjang ing dinten 7 pekenan 5 lenggahipun wonten dinten SABTU KLIWON wuku Kuruwelut suryo kaping 3 wulan Syawal 1429 Hijriyah kaleres kalih tanggal 4 Oktober 2008 amanggen dateng KAMPUS SEKELIP, Pramilo puniko sederek sedoyo kaparengo sami angrawuhi pasugatan puniko kanti hiburan ELEKTON engkang bade karawuhan poro wirosworo engkang sampun kawentar ing bumi nuswantoro kadoso mas bagus hari bebek, nimas roro wilis, pasugatan puniko kabiantu dining sponsor FLEXI, TELKOMSEL lan bade kawentar siaran langsung sakin TV Nasional inggih puniko ANng TV,
cekap semanten atur kawulo mbok bilih wonten tindak tanduk kawulo ingkang mboten nresepi wonten manah sederek sedoyo kawulo hamung ngaturaken sedoyo kalepatan
nuwun

rilis hasil urunan :
1. Darmawan,MM Bos Telkomsel Rp. 400.000,- (*)
2. Ir. Mbah Yo Bos Pleki Rp. 500.000, (*)
3. Ir. Mukti Al Mansyur Bos Permen Rp. 150.000,-
4. KHoirul Anwar, S.Pd, Guru IIIa Rp.. 400.000,- (**)
5. Hariawan Alik Iki yo Bos Rp. 500.000,-
6. Kothor iki mbuh bos mbuh ora Rp. 300.000,-
7. Norman pincuk Bos Gulo Rp. 300.000,- (*)
8. dr. erna Dokter Rp. 300.000,- (*)
9. ET Bos Terop Rp. 250.000,- (Terop, kursi, panggung, Sound System Harga seper sepuluh!! hidup ET)
10. Ahsani Wartawan Rp. 300.000,- (*)
11. dll durung weruh
tanda (*) sanggup dan berjanji tambah
tanda (**) wis gak kuat nambah
deitunggu transferan berikutnya bebek, heru boy, chong, dan yang berjanji nambah ingatlah saudara2 JANJI ADALAH HUTANG!!!!!!!!
iki nek enek sing tersinggung gak oleh nesu karo panitia, nek nesu neng KHOIRUL ANWAR,S.Pd (M.Pd. ne jik 2 tahun maneh Nek sido)
aku iklas di nesoni pokok e podo iso teko reuni

khoirul wong mediun sing nang kediri

1 komentar:

Anonim mengatakan...

provokator...